Selasa, 16 November 2010

Soal Latihan Kelas IV.1


PERSIAPAN ULANGAN AKHIR SEMESTER GANJIL

TAHUN PELAJARAN 2010 – 2011
Mata Pelajaran                       :Bahasa Daerah
Kelas                                        :IV (Empat)
Materi                                     :Wasis Basa Pelajaran 1 – 4
Kerjakan sesuai dengan perintahnya!(Garapen manut perentahe)!
1.Sandhangan panyigeg ana ... yaiku ... .
2.Dina Minggu Ibu lan aku arep menyang pasar.
Ukara ing ndhuwur kalebu ukara ... .
            a.pitakon         b.andharan      c.pakon                        d.langsung
3.Tanduran ing sawah subur banget, katon ... .
            a.ngrembuyung                       b.kuning gadhing        c.abang branang         d.ijo royo-royo
4.Sandhangan cecak unine ..., sandhangan layar unine ... .
5.Gawea ukara nganggo tembung”diparingi”!
6.Kapan bapak tindak kantor?
Ukara ing nhduwur kalebu ukara ... .
7.... sing mulang Basa Jawa ing kelas papat?
Tembung pitakon sing bener kanggo ngisi ukara ing ndhuwur yaiku ... .
8.Tulisen aksara jawane”duwe dhuwit”!
9.Ibu ngomong, yen murid-murid kudu sregep sinau.Tembung ngomong krama aluse ... .
10.Eyang karo ibu lagi lunga menyang pasar tuku sayur.
Krama aluse:Eyang kaliyan ibu sawek ... dhateng peken ... sayur.
11.Sing kalebu ater-ater tripurusa yaiku ..., ..., lan ... .
12.Tangane Bandi (jiwit) Arman nganti abang.Tembung njero kurung benere ... .
 13.                   Ibu
            Ibu,
            titahing Gusti kang pinasthi
            nerusake jaman kanthi tulusing ati
            nggulawentah anak kanthi premati
            pakaryan abot tan samba ting ati
                        Ibu,
                        sliramu tansah ngisi atiku
                        katresnamu kang tulus rina lan wengi
                        kawigatimu kang ora nate pupus
                        marang putra-putri
            Ibu,
            Aku ora bisa ngaturi apa-apa
            Mung pandonga marang kang maha kuwasa
            Muga ibu tansah pinaringan raharja
Karangan ing ndhuwur kalebu ... .
            a.prosa                        b.pantun          c.geguritan      d.tembang
14.Adhiku mangan sega kuning, ibu ... soto ayam.
Tembung sing mathuk kanggo ngisi ukara ing ndhuwur ...
            a.nedha           b.madang        c.mangan        d.dhahar
15.Gawea ukara nganggo tembung”koresiki”!
16.Budhe gawe roti ing pawon.
Owahana dadi basa krama!
17.Kanggo nyukupi kebutuhan kayu, akeh wong kang nebang alas sembarangan.Warga ora nanduri maneh.Komentar/saran: ... .
18.Sandhangan Wyanjana ana telu yaiku ..., ..., lan ... .
 19.Bapak pucung, dudu watu dudu gunung
     asal saka Plembang
     titihane sri Bupati
     yen lumaku si pucung lembehan grana
Tembang pucung iku isi badhekan, badhekane yaiku ... .
20.Cacahing wanda saben gatra diarani ... .
            a.guru              b.guru gatra                c.guru lagu                  d.guru wilangan
21.                   Kinanthi
            marang anak lan putuku
            sinaua den taberi
            ngurmati ibu lan bapak
            ndonga ngibadah tan lali
            dadya tunasing nagara
            jer iku laku utami
Tembang ing ndhuwur golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune!
Guru gatrane ana ..., guru wilangane ..., ..., ..., ..., ..., ... . guru lagune ..., ..., ..., ..., ...
22.Tembang dhagelan iku uga diarani ...
23.Apa tegese guru lagu iku?
24.Pak Guru maca buku.
Owahana dadi krama sing bener!
25.Mbak Dinik ngasta tas dhateng kantor.
Owahana dadi basa ngoko sing bener!
26.Gatutkaca iku satriya saka ... .
27.Ing tembung kluyar-kluyur ana panjingan ... .
28.... isi madu.
Jangkepane paribasan ing ndhuwur yaiku ... .
29.PR-mu apa wis (garap)?
Tembung garap benere ... .
30.Tembang macapat uga diarani tembang ... .
31.                   Pucung
            Bapak pucung, tanpa untu darbe siyung
            bandanira panjang
            tutukira tan persegi
            dina-dina si pucung nguntal buntutinyan
Guru wilangane ..., ..., ..., ..., ...
32.Tembung loro utawa luwih sing dienggo bebarengan lan nduweni teges siji diarani tembung ...
            a.camboran     b.entar                        c.saroja                       d.pepindan
33.Sing kalebu tembung camboran wutuh yaiku ... .
            a.nagasari, lunglit       b.raja kaya, madu mangsa     c.bangjo, dhewur        d.tanggung
             jawab, paklik
34.Omahe Rinto katon kotor.Akeh kotoran ing ruangan.Ibu ngutus Tina nyapu ruangan lan omah.Tina nolak amarga nggarap PR.
Tanggapanmu :  .......
35.Simbah ngunjuk kopi.Basa ngokone ... .
36.... regane sepatu iki?
Tembung pitakon sing mathuk yaiku ... .
a.Apa               b.Sapa             c.Pira               d.Kepriye
37.Sandhangan cecak manggon ing ... aksara.
38.Gawea ukara nganggo basa ngoko!
39.Gawea ukara nganggo tembung:dipangan, dakpangan, kopangan!
40.Wiwit bocah nganti diwasa, paribasane ... .
            a.nulung menthung                 c.dahwen ati open
            b.kuncung nganti gelung        d.keplok ora tombok
 41.Paribasan”kriwikan dadi grojogan” tegese ... .
42.Apa tegese paribasan adigang, adigung, adiguna?
43.Tulisen aksara Jawane!
            a.ratu dwarawati
            b.tuku krai
            c.gajah telu
            d.tepung cakra
44.                                                                               Surabaya, 20 Juli 2006 (1)
                                                                                    Kanggo sahabatku        (2)
                                                                                    Arman
                                                                                    Ing Kediri
            Salamku marang klas IV ing Kediri, (3)
            Sarana layang iki, aku kirim kabar manawa kahananku ing Surabaya tansah ginanjar slamet lan ora kurang sawiji apa.Muga-muga, kanca-kanca ing kene uga mangkono. (4)
            Kajaba saka iku, aku saiki wis ditampa ana klas IV SDN Ambengan I.Sekolahan iku ora adoh saka omahku.Kancaku akeh, srawunge becik lan sumanak.Aku kerep sinau bareng ing omahe kancaku.Yen ana wulangan sing dhak ngerteni, aku bisa takon marang kancaku.Dina Minggu kapungkur, aku karo kanca-kancaku dolan menyang Kebun Binatang Surabaya.Wah, kewane akeh banget tur warna-warna, kayata:gajah, macan, onta kuldi, kethek, maneka warna manuk lan kewan liya-liyane.
            Wasana cukup semene dhisik, liya dina disambung maneh. (5)
                                                                                    Mitramu, (6)

                                                                                    Budi         (7)
Perangane layang ana 7.Coba sebutna!
(1)Arane ... .
(2)Arane ... .
(3)Arane ... .
(4)Arane ... .
(5)Arane ... .
(6)Arane ... .
(7)Arane ... .
45.Tembang macapat iku uga diarani tembang ... .
            a.cilik               b.kawi              c.dhagelan      d.dolanan
46.Tembang macapat cacahe ana ... .
            a.11                 b.12                 c.13                 d.14
47.Pakdhe Darno teka saka Jakarta.
Ukara ing ndhuwur krama aluse ... .
48.Aku  nganggo klambi abang, Mas Guntur ... klambi ijo.
            a.ngangge       b.ngagem        c.ndamel         d.ngginakaken
49.Sebutna paraga saka Pandhawa Lima kanthi urut saka sing tuwa!
50.Panutup layang uga diarani ... .
            a.Adangiyah    b.bebuka         c.wasana basa d.surasane layang

2 komentar:

  1. Bu Emi,sebelumnya terima kasih atas latihan soal-soalnya.Tapi kalau bisa tolong diberi kunci jawabannya ya.terima kasih.

    BalasHapus
  2. Ya.Nanti kalau persiapan UTS semester II akan bu Emi lampiri kunci jawaban.Tapi jangan dilihat dulu lho ya!!Dikerjakan dulu baru dikroscek.Selamat ya!!!

    BalasHapus