Selasa, 15 Februari 2011

Persiapan Ulangan Tengah Semester II ( 2010 - 2011 )


PERSIAPAN ULANGAN TENGAH SEMESTER II TAHUN 2010 – 2011
KELAS IV (empat)
MATA PELAJARAN BAHASA DAERAH

I.Pilihen jawaban sing bener!

1.Buku iki (silih) dhisik, mengko sore dakbalekake.
Tembung njero kurung benere … .
a.disilih            b.disilihi           c.daksilih         d.kosilih

2.Buku iku sumbere ilmu.
Ukara ing ndhuwur basa kramane … .
a.Buku iku sumberipun ilmu               c.Buku punika sumberipun ilmu
b.Buku punika sumbere ilmu              d.Buku iku sumberipun ilmu

3.Tembung kang mratelakake jumlah diarani … .
a.tembung saroja                                c.tembung entar
b.tembung wilangan                           d.geguritan

4.Tembung cumepak iku asale saka tembung lingga … oleh seselan um
a.cumepak      b.cupak            c.cepak            d.cumpak


5.                                 Wayah Esuk
            Jago kluruk rame kapiyarsi
            lawa kalong luru pandhelikan
            jrih kawanen ing semune
            wetan bang sulakipun
            Nrantandhani yen bangun enjing
Karangan ing ndhuwur kalebu … .
a.geguritan     b.prosa            c.tembang       d.Dhandhanggula

6.Kinumbah asale saka tembung lingga … .
a.kumbah        b.kinbah          c.kimbah         d.kubah

7.Wati iku pancen bocah males, nanging adhine … .
a.bodho           b.sregep          c.pinter            d.nangisan

8.Tanti lan Sinta tuku bakso … .
a.sapiring        b.sasunduk      c.salepek         d.samangkon

9.Raden Arjuna iku satriya kang sekti … .
a.prakosa        b.mandraguna                        c.kukuh            d.banget

10.Tembung”leloro” yen ditulis aksara Jawa, wanda wiwitane nganggo sandhangan … .
a.pepet            b.taling            c.taling tarung                        d.wulu

11.Tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese dienggo bebarengan kanggo mbangetake surasane , diarani tembung … .
a.saroja           b.entar                        c.pepindan                  d.paribasan

12.Ki Hajar Dewantara iku watake … .
a.seneng tetulung, ngrewangi nyebarake metode lan konsep pendidikan
b.sareh, ngenalake metode lan konsep pendidikan
c.setya marang kanca, ngrewangi ngenalake metode lan konsep pendidikan
d.seneng tetulung, sareh, setya marang walanda

13.Karo kanca-kanca kudu padha sayuk … .
a.waras           b.rukun            c.santosa         d.bakuh

14.Pak Saleh iku ndhuweni budi … kang apik lan seneng tetulung.
a.watak           b.pekerti          c.bukane          d.prakosa

15.Krambil … kae undhuhen!
a.salirang        b.sacandik       c.sajanjang      d.sabungkul

16.Ibu mundhut gula … kg
a.sacandik       b.seprapat       c.sabungkul     d.salirang

17.Yen masak, aja asin-asin, uyahe … wae.
a.setengah      b.sekilo            c.selawe          d.sethithik

18.Bu Guru … Sofi diutus nulis ing blabag.
a.ngundhang   b.nimbali         c.nyeluk           d.nggawe

19.Bocah TK iku lakune rendhet, bocah kelas papat lakune … .
a.rindhik          b.alon              c.cepet                        d.mlayu

20.Tembang macapat uga diarani tembang … .
a.gedhe           b.kawi              c.tengahan      d.cilik

II.Garapen manut prentahe!

1.Tembung”balia” yen ditulis aksara Jawa dadi … .
2.Tembung”gumuyu” asale saka tembung lingga … oleh seselan … .
3.Tembung lingga”saur” oleh seselan “um” dadi tembung … .
4.Resik-resik, turu-turu, tetulung, kalebu tembung … .
5.Gawea ukara nganggo tembung”jejuluk!”
6.Gawea ukara nganggo tembung”salirang!”
7.Bobote Kirno antep amarga lemu, dene bobote Firdaus entheng amarga … .
8.Bareng diobati anak-anake banjur bagas … .
9.Pak Trisna kandha sesuk dina Sabtu ana kerja bakti.
Ukara ing ndhuwur basa kramane … .
10.Bocah sing seneng maca iku akeh manfaate.Manfaate maca yaiku … .


.Wacanen wacan ing ngisor iki!
                                                Ki Hajar Dewantara
            Ki Hajar Dewantara miyos ing Yogyakarta tanggal 2 Mei 1889.Asma nalika isih timur yaiku Raden Mas Soewardi Suryaningrat.Panjenengane karo Douwes Dekker lan Cipta Mangunkusuma asring kasebut”Tiga Serangkai”.Tiga Serangkai ing taun 1912 ngedegake Indische Partij.
            Ing taun 1913, Tiga Serangkai ditengkep lan dibuwang menyang Negara Walanda.Sejatine, sadurunge Douwes Dekker dibuwang ing Kupang, Cipta Mangunkusuma kabuwang ing Banda Naire (Maluku), lan Suwardi Soeryaningrat kabuwang ing Pulau Bangka.
            Taun 1922, Soewardi Soeyaningrat ngedegake Perguruan Taman Siswa.Miturut panjenengane, pergerakan politik ora mung kanggo ngilangi kolonialisme.Liwat Taman Siswa, Soewardi Soeryaningrat ngenalake metode lan konsep pendhidhikan nasional.
            Kanggo ngurmati lelabuhane ing bidhang pendhidhikan, tanggal kelahirane, yaiuku tanggal 2 Mei ditetepake minangka dina Pendhidhikan Nasional.Kejaba kuwi Ki Hajar Dewantara uga ngrintis terbite majalah Hindia Putra.

II.Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1.Sapa asma timure Ki Hajar Dewantara?
2.Apa unine konsep Among Siswa?
3.Sapa wae sing kasebut Tiga Serangkai iku?
4.Kapan Ki Hajar Dewantara miyos?Ing kutha ngendi?
5.Kapan Tiga Serangkai ditangkep lan dibuwang menyang Walanda?





Tidak ada komentar:

Posting Komentar