Rabu, 20 April 2011

Latihan Ulangan Harian 3 kelas 5 Semester II


LATIHAN ULANGAN 3 SEMESTER II
MATA PELAJARAN BAHASA DAERAH
KELAS V

A.Isenana titik-titik ing ngisor iki!

1.Srini iku pancen bocah sing ayu, pipine ... .
2.Tembung s ing durung owah saka asale diarani ... .
3.Unen-unen saemper pepindan kang surasane mawa tetandingan, sarta ngemu teges mirip utawa memper diarani ... .

4.Bapak mundhut wedhi kaliyan semen.
Ukara ing ndhuwur basa ngokone ... .
5.Rayi kula kalih cacahipun.
Ukara ing ndhuwur basa ngokone ... .
6.Warga desa urunan kanggo mbangun ratan.
Ukara ing ndhuwur basa kramane ... .
7.Kelas telu melu lomba nulis Jawa.
Ukara ing ndhuwur basa kramane ... .
8.Puisi Jawa gagrag anyar sing ora kaiket guru  gatra, guru wilangan,lan guru lagu, nanging isih ngugemi anane rasa kaendahan diarani ... .

9.Wuwuhan kang manggon ing satengahe tembung lingga diarani ... .
10.Tembung”tinulis”asale saka tembung lingga ... oleh seselan ...
11.Tembung”kumanthil” asale saka tembung lingga ... oleh seselan ... .
12.Tembung”tinulung”asale saka tembung lingga ... oleh seselan ... .
13.Tembung”gumuyu”asale saka tembung lingga ... oleh seselan ... .
14.Ibu badhe tuku gendhis.Tembung tuku benere ... .
15.Aku lunga menyang sekolah mlaku, bapak tindak kantor ... .
16.Wong jujur iku bakale ... .
17.Crita fiksi kang nyritakake babagan kang ora bakal kedaden diarani ... .
18.Simbah apa wis diaturi sare?
Ukara ing ndhuwur nganggo basa ... .

19.Jaka Kendhil, Cindelaras, Kancil Nyolong Timun kalebu ... .
20.”Suwe ora ketemu”, yen ditulis aksara Jawa dadi ... .

Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!
1.tumandang               4.gumampang
2.jinaluk                      5.gumanti
3.tinemokake

Gawea karangan/prosa nganggo basamu dhewe sing judule”Listrik Masuk Desa”!
                                    Listrik Masuk Desa
            ..............................................................................................
............................................................................................................
........................................................................................................... dst

KUNCI UL.HAR 3 KLS.5:(Lihat jawaban dengan mengeblok/edit-select all)


JAWABAN LATIHAN ULANGAN 3 SEMESTER II
MATA PELAJARAN BAHASA DAERAH
KELAS V

A.Isian

1.ndhuren sajuring                                                      11.kanthil, um
2.tembung lingga                                                        12.tulung, in
3.panyandra                                                                13.guyu, um
4.Bapak tuku wedhi karo semen                                14.mundhut
5.Adhikku loro cacahe                                                            15.tindakan
6.Warga dusun sami urunan kagem mangun margi 16.mujur
7.Kelas tiga ndherek lomba nyerat Jawi                    17.dongeng
8.geguritan                                                                 18.ngoko alus
9.seselan                                                                     19.dongeng
10.tulis, in                                                                   20…..

B.Gawe ukara
1.Para tani tumandang nyambut gawe.
2.Adicara iki jinaluk saka sing duwe gawe.
3.Wangsulane tinemokake dening Dimas.
4.Perkara kuwi aja digawe gumampang kabeh.
5.Wayahe Ali dadi ketua kelas wis gumanti

C.                     Listrik Masuk Desa
            Desa saiki wis maju.Dalan-dalan wis padha diaspal kabeh.Akeh mobil kang liwat pating sliweran.Ana sing ngangkut tetanen kaya sayur, Lombok, terong, gedhang, pelem, duren, pari, lan jagung.Saiki wis kepenak anggone adol menyang kutha.Saiki desaku wis padhang jingglang ora kaya dhisik, merga listrik wis sumrambah menyang desa.Desaku saiki wis reja banget.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar