Rabu, 10 Agustus 2011

Soal-soal Bahasa Daerah

PERSIAPAN ULANGAN HARIAN 2 KELAS V

MATA PELAJARAN BAHASA DAERAH

I.Isenana titik-titik di bawah ini!

1.Sing dadi anggota koperasi sekolah yaiku ... .

2. Parikan tegese ... .

3. Budi menyang sekolah numpak sepeda. Ukara iku kalebu ukara ... .

4. Sapa sing ngeterake kowe? Ukara iku kalebu ukara ... .

5. Iuran wajib biasane dibayar ... .

6. ... kowe wis tuku buku Basa Jawa? Tembung pitakon sing mathuk yaiku ... .

7. Manuk emprit menclok pager
   Dadi murid kudu pinter
Unen-unen iku jenenge ... .

8. Bapak nonton wayang, aku nonton dhangdhut. Ukara iku basa kramane ... .

9. Mbak Ratri ditimbali Bapak. Tembung ditimbali ngoko lugune  ... .

10. Lawang ngarep kae tutupen! Ukara iku kalebu ... .

11. Regane buku iku Rp 30.000,00. Yen didadekake ukara pitakon dadi ... .

12. ... jenenge kancamu kuwi? Tembung pitakon sing mathuk ... .

13. ... kabare Simbah ing desa? Tembung pitakon sing mathuk ... .

14. SHU cekakan saka ... .

15. Iuran sing dibayar nalika mlebu dadi anggota koperasi diarani iuran ... .

II. Gawea ukara nganggo tembung ing ngisor iki!

1.KUD
2. samakana
3. ing ngendi
4. mancing
5. maca

III. Gawea 5 ukara sing ana hubungane karo koperasi!

1..........................................................
2. .....................................................
3. .....................................................
4. .......................................................
5. ...........................................................




KUNCI JAWABAN PERSIAPAN ULANGAN 2 KELAS IV
MATA PELAJARAN BAHASA DAERAH

I.Isenana titik-titik ing ngisor iki!

1.murid kelas 1 nganti kelas 6
2.unen-unen kang dhapukane rong gatra, purwakanti kapisan lan kapindo yakuwi a, a.
3.Andharan
4.pitakon
5.saben sasi/saben wulan
6.Apa
7.parikan
8.Bapak mirsani wayang, kula ndheleng dhangdhut.
9.diceluk
10.pakon
11.Pira regane buku iku?
12.Sapa
13.Kepriye
14.Sisa Hasil Usaha
15.iuran pokok

II.Gawea ukara!

1.KUD petani anggotane saka masyarakat tani.
2.Bukumu samakana sing rapi!
3.Ing ngendi kowe tuku sepatu iku?
4.Dhek Minggu wingi aku karo bapak mincing ing kolam Sidoarjo.
5.Ing perpustakaan, bocah-bocah padha maca buku.

III.Gawe ukara sing ana hubungane karo koperasi!

1.Koperasi simpan pinjam nglayani kredit marang anggotane.
2.Simpanan pokok dibayar sepisan.
3.Ing saben kecamatan ana KUD.
4.Koperasi nelayan anggotane para nelayan.
5.Koperasi konsumsi nglayani kebutuhane anggota ing sadhengah kaperluan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar