Rabu, 10 Agustus 2011

Soal-soal Bahasa Daerah


BERLATIH UNTUK PERSIAPAN UTS SEMESTER I
KELAS IV

TAHUN PELAJARAN 2011 – 2012

Wacan

                                                Pangeran Klambi Abang

            Gagak panjelmane Pangeran Klambi Abang rumangsa susah banget. Sedina mabur thok ora mangan, suwe-suwe wetenge krasa luwe. Weruh jagung tandurane pak tani arep njupuk, nanging bareng weruh sing duwe terus digusah malah watu sing diplinthengake ngenani awake saengga ngrasakake lara.

            “Kaya ngene iki rasane luwe. Mesthine ya kaya ngene sing dirasakake kawula miskin sing ora duwe pasediyan panganan. Aku kebak dosa jalaran karep ngusir marang wong-wong sing njaluk marang aku.”

            Swara atine gagak sing kebak panalangsa kuwi diweruhi dening peri tuwa. Kanthi kekuatan sihire peri tuwa ngowahi kabeh wulune gagak dadi abang kaya sutra lan ngowahi swarane saengga malih dadi apik. Manuk iku nerusake lakune saparan-paran lan mabur sing tanpa tujuwan. Kanggo nglipur atine manuk gagak iku sinambi nembang. Nalika abure saya endhek, ana sawijine bocah wadon sing jelih-jelih marang kancane.

            “Heh, delengen lan rungokno! Ana manuk sing wulune endah lagi liwat. Dheweke nembang kanthi swara sing apik.”

I.Pilihen salah siji jawaban sing bener!

1.Gagak panjelmaan Pangeran Klambi Abang rumangsa susah jalaran ... .
a. ora weruh tanduran jagung            c. ora doyan mangan jagung
b. ora digape dening pak tani             d. wis sedina durung mangan

2. Manuk gagak nalika luwe nggetuni marang tumindak sing wis tau dilakoni yaiku ...
a. menehi pangan wong ngemis                    c. tau ngusir wong ngemis
b. njaluk pangan marang wong ngemis         d. mbuwangi pangan ing omahe

3. Wulu lan swarane manuk gagak iku dening peri tuwa diowahi dadi apik jalaran ...
a. peri tuwa kepengin oleh ganjaran             c. manuk gagak nyadhari tumindake
b. ngerti yen panjelmane pangeran               d. manuk gagak isih dulure peri tuwa

4. Sapa sing duwe sepedhah abang iki? Ukara iku krama aluse ...
a. Sinten ingkang kagungan sepedhah abrit niki?
b. Sepedhah punika kagungan sinten?
c. Sepedhah abrit punika kagungan kula
d. Sinten ingkang mundhut sepedha abrit niki?

5. Aku lunga menyang Malang. Ukara iku kalebu ... .
a. ukara andharan                  c. ukara pitakon
b. ukara tanggap                     d. ukara tanduk

6. Tembung sing dicambor arupa tembung wutuh diarani ... .
a. tembung                              c. tembung camboran
b. tembung camboran wutuh   d. tembung camboran wancahan

7.                                             Prahara

            Delengen, ing kana kene akeh lelara dadi pati
            Demam berdarah ngrambah-ambrah
            Flu burung nyaut nyawa
            Iki kabeh salahe sapa?

Karangan ing nduwur kalebu ... .
a.paribasan                 b. prosa                       c. geguritan                 d. ukara

8. Sandhangan layar (/) unine ... .
a. ng                            b. r                               c. h                              d. u

9. Sandhangan cecak manggon ing ... aksara.
a. sangisore                 b. satengahe               c. sandhuwure             d. sakiwane

10. Parine wis arep panen nanging isih ana sing ... .
a. njebul                      b. ijo royo-royo           c. abang mbranang     d. abang pucuk

11. Kapan bapak tindak kantor? Ukara iku kalebu ukara ... .
a. andharan                 b. pitakon                    c. tanggap                   d. tanduk

12. Sing ora kalebu tembung camboran wutuh yaiku ... .
a. nagasari                  b. sawo mateng          c. tanggung jawab      d. idu abang

13. Bu Sinta tindak Jakarta. Tembung tindak ngoko lugune ... .
a. kondur                     c. muleh                      c. lunga                       d. teka

14. Pak Budi    :”Bener. Yen wis menang aja banjur lali sinau. Kowe kudu sregep sinau.”
     Yana           :” ... “
Ukara sing mathuk kanggo mangsuli Pak Budi yaiku ... .
a.Iya, Pak                     b.Mboten, Pak             c. Inggih, Pak               d. Ora, Pak

15. Mbak Yasinta mundhut tas kulit. Tembung mundhut ngokone ... .
a.tuku                          b. tumbas                    c. mundhut                  d. oleh

16. Rabuk guano iku asale saka ... .
a. telek lawa               b. telek sapi                 c. telek pitik                d. telek manuk

17. Aku diparingi jajan ... .
a.adhikku                     b. masku                      c. mbakyuku                d. bulikku

18. Tanduran ing sawah subur banget, katon ... .
a. ngrembuyung          b. kuning gadhing       c. ijo royo-royo            d. abang branang

19. Putrane Pak Sabar mung siji, mulane diarani ... .
a.ontang-anting          b. unting-unting          c. sumala                     d. dhampit

20. Ukara ing ngisor iki sing nggunakake ater-ater tripurusa yaiku ... .
a.Tanganku kecepit lawang                            c. Sari tuku pulpen lan buku
b. Bukuku disilih Anita                                  d. Rani nyuwekake bukuku

21. Perkara sing maune cilik bisa malih dadi gedhe, paribasane ... .
a.rebut balung tanpa isi                                  c. kerot tanpa untu
b. kriwikan dadi grojogan                             d. nggeret pring saka pucuk

22. Sing diarani ater-ater tripurusa yaiku ... .
a. ka, sa, pa                 b. in, um, el                 c. n, m, n, ng               d. dak, ko, di

23. ... sing arep ngeterake kowe mengko? Tembung pitakon sing mathuk yaiku ... .
a. Kapan                      b. Sapa                                    c. Pira                          d. Apa

24. Jajan tape goreng iku uga diarani ... .
a. sawo mateng          b. randha royal           c. semar mendhem     d. kala menjing

25. Kapan murid kelas IV rekreasi? Ukara andharan sing mathuk kanggo mangsuli yaiku ...
a.Sesuk dina Minggu                                      c. Murid-murid rekreasi        
b. Murid-murid rekreasi karo Bapak              d. Murid-murid seneng banget

26. Omahe apa wis (resik)? Tembung jero kurung benere ... .
a. diresiki                    b. dakresiki                  c. kokresiki                  d. resikana

27. Anak polah bapa ... .
a. kapitunan                b. kepradhah               c. kesiksa                     d. keduwung

28. Adhiku ... sega kuning. Tembung sing mathuk kanggo ukara iku ... .
a.neda                         b. dhahar                     c. mangan                   d. mamah

29. Wiwit bocah nganti dewasa, paribasane ... .
a. keplok ora tombok  b. tulung menthung    c. dahwen ati open     d. kuncung nganti gelung

30. Wartawan iku penggaweane golek warta. Tembung warta sinonime ... .
a. jelas                         b. kabar                       c. jeneng                     d. sedulur


II. Isenana titik-titik ing ngisor iki!

1.Bapak muleh saka kantor. Ukara iku krama aluse ... .

2. Sandhangan panyigeg ana ..., yaiku ... .

3. Ukara kang isine wujud pitakonan diarani ... .

4.Dubang, lunglit, dhegus kalebu ...


5. Tembung lunglit asale saka ... lan ... .

6. Murid kedhah sregep sinau. Ukara iki basa ngokone ... .

7. Saben mulih sekolah Jarot mesthi mampir dolanan PS nganti sore. Yen dituturi ibune malah mbantah. Tanggapanmu : ... .

8. Tembung dhewur asale saka ... lan ...

9. ... sing kogawa? Tembung pitakon sing mathuk yaiku ... .

10. Jenenge bapak Susila. Sinonim tembung jenenge yaiku ... .

III. Garapen manut prentahe!

1.Gawea ukara nganggo basa ngoko alus 2 wae!

2. Gawea ukara nganggo basa krama 2 wae!

3. Gawea ukara nganggo tembung:
            a. sawo mateng
            b. tanggung jawab

4. Critakna pengalamanmu sing nyenengake 1 paragraf wae!

5. Gawea ukara pitakon nganggo tembung pitakon:
            a. kepriye
            b. ing ngendi





















KUNCI JAWABAN PERSIATAN UTS I
KELAS IV


I.Pilihen jawaban sing bener!


1.d                   6.b                   11.b                 16.a                 21.b                 26.c
2.c                   7.c                   12.d                 17.d                 22.d                 27.b
3.c                   8.b                   13.c                 18.c                 23.b                 28.c
4.a                   9.c                   14.c                 19.a                 24.b                 29.d
5.a                   10.b                 15.a                 20.b                 25.a                 30.b


II.Isenana!


1.kondur                                                          6.Murid kudu sregep sinau
2.4: wignyan, layar, cecak, pangkon              7.ora setuju, Jarot mbantah karo ibune
3.ukara pitakon                                               8.gedhe lan dhuwur
4.camboran wancahan                                   9.Apa
5.balung lan kulit                                            10.asmane


III.Garapen manut prentahe!


1.a.Bapak dhahar sega pecel.
   b.Simbah ngendika yen arep tindak.
2.a.Ibu mundhut wos.
   b.Bapak sampun sare.
3.a.Mas Karman kulitane sawo matang.
   b.Dadi murid kudu nduweni tanggung jawab.
4……………………………………
5.a.Kepriye kabare Bulik lan Paklik?
   b.Ing ngendi sekolahmu?


           

Tidak ada komentar:

Posting Komentar