Rabu, 10 Agustus 2011

Soal-soal Bahasa Daerah


BERLATIH UNTUK PERSIAPAN UTS SEMESTER I
KELAS IV

TAHUN PELAJARAN 2011 – 2012

Wacan

                                                Pangeran Klambi Abang

            Gagak panjelmane Pangeran Klambi Abang rumangsa susah banget. Sedina mabur thok ora mangan, suwe-suwe wetenge krasa luwe. Weruh jagung tandurane pak tani arep njupuk, nanging bareng weruh sing duwe terus digusah malah watu sing diplinthengake ngenani awake saengga ngrasakake lara.

            “Kaya ngene iki rasane luwe. Mesthine ya kaya ngene sing dirasakake kawula miskin sing ora duwe pasediyan panganan. Aku kebak dosa jalaran karep ngusir marang wong-wong sing njaluk marang aku.”

            Swara atine gagak sing kebak panalangsa kuwi diweruhi dening peri tuwa. Kanthi kekuatan sihire peri tuwa ngowahi kabeh wulune gagak dadi abang kaya sutra lan ngowahi swarane saengga malih dadi apik. Manuk iku nerusake lakune saparan-paran lan mabur sing tanpa tujuwan. Kanggo nglipur atine manuk gagak iku sinambi nembang. Nalika abure saya endhek, ana sawijine bocah wadon sing jelih-jelih marang kancane.

            “Heh, delengen lan rungokno! Ana manuk sing wulune endah lagi liwat. Dheweke nembang kanthi swara sing apik.”

I.Pilihen salah siji jawaban sing bener!

1.Gagak panjelmaan Pangeran Klambi Abang rumangsa susah jalaran ... .
a. ora weruh tanduran jagung            c. ora doyan mangan jagung
b. ora digape dening pak tani             d. wis sedina durung mangan

2. Manuk gagak nalika luwe nggetuni marang tumindak sing wis tau dilakoni yaiku ...
a. menehi pangan wong ngemis                    c. tau ngusir wong ngemis
b. njaluk pangan marang wong ngemis         d. mbuwangi pangan ing omahe

3. Wulu lan swarane manuk gagak iku dening peri tuwa diowahi dadi apik jalaran ...
a. peri tuwa kepengin oleh ganjaran             c. manuk gagak nyadhari tumindake
b. ngerti yen panjelmane pangeran               d. manuk gagak isih dulure peri tuwa

4. Sapa sing duwe sepedhah abang iki? Ukara iku krama aluse ...
a. Sinten ingkang kagungan sepedhah abrit niki?
b. Sepedhah punika kagungan sinten?
c. Sepedhah abrit punika kagungan kula
d. Sinten ingkang mundhut sepedha abrit niki?

5. Aku lunga menyang Malang. Ukara iku kalebu ... .
a. ukara andharan                  c. ukara pitakon
b. ukara tanggap                     d. ukara tanduk

6. Tembung sing dicambor arupa tembung wutuh diarani ... .
a. tembung                              c. tembung camboran
b. tembung camboran wutuh   d. tembung camboran wancahan

7.                                             Prahara

            Delengen, ing kana kene akeh lelara dadi pati
            Demam berdarah ngrambah-ambrah
            Flu burung nyaut nyawa
            Iki kabeh salahe sapa?

Karangan ing nduwur kalebu ... .
a.paribasan                 b. prosa                       c. geguritan                 d. ukara

8. Sandhangan layar (/) unine ... .
a. ng                            b. r                               c. h                              d. u

9. Sandhangan cecak manggon ing ... aksara.
a. sangisore                 b. satengahe               c. sandhuwure             d. sakiwane

10. Parine wis arep panen nanging isih ana sing ... .
a. njebul                      b. ijo royo-royo           c. abang mbranang     d. abang pucuk

11. Kapan bapak tindak kantor? Ukara iku kalebu ukara ... .
a. andharan                 b. pitakon                    c. tanggap                   d. tanduk

12. Sing ora kalebu tembung camboran wutuh yaiku ... .
a. nagasari                  b. sawo mateng          c. tanggung jawab      d. idu abang

13. Bu Sinta tindak Jakarta. Tembung tindak ngoko lugune ... .
a. kondur                     c. muleh                      c. lunga                       d. teka

14. Pak Budi    :”Bener. Yen wis menang aja banjur lali sinau. Kowe kudu sregep sinau.”
     Yana           :” ... “
Ukara sing mathuk kanggo mangsuli Pak Budi yaiku ... .
a.Iya, Pak                     b.Mboten, Pak             c. Inggih, Pak               d. Ora, Pak

15. Mbak Yasinta mundhut tas kulit. Tembung mundhut ngokone ... .
a.tuku                          b. tumbas                    c. mundhut                  d. oleh

16. Rabuk guano iku asale saka ... .
a. telek lawa               b. telek sapi                 c. telek pitik                d. telek manuk

17. Aku diparingi jajan ... .
a.adhikku                     b. masku                      c. mbakyuku                d. bulikku

18. Tanduran ing sawah subur banget, katon ... .
a. ngrembuyung          b. kuning gadhing       c. ijo royo-royo            d. abang branang

19. Putrane Pak Sabar mung siji, mulane diarani ... .
a.ontang-anting          b. unting-unting          c. sumala                     d. dhampit

20. Ukara ing ngisor iki sing nggunakake ater-ater tripurusa yaiku ... .
a.Tanganku kecepit lawang                            c. Sari tuku pulpen lan buku
b. Bukuku disilih Anita                                  d. Rani nyuwekake bukuku

21. Perkara sing maune cilik bisa malih dadi gedhe, paribasane ... .
a.rebut balung tanpa isi                                  c. kerot tanpa untu
b. kriwikan dadi grojogan                             d. nggeret pring saka pucuk

22. Sing diarani ater-ater tripurusa yaiku ... .
a. ka, sa, pa                 b. in, um, el                 c. n, m, n, ng               d. dak, ko, di

23. ... sing arep ngeterake kowe mengko? Tembung pitakon sing mathuk yaiku ... .
a. Kapan                      b. Sapa                                    c. Pira                          d. Apa

24. Jajan tape goreng iku uga diarani ... .
a. sawo mateng          b. randha royal           c. semar mendhem     d. kala menjing

25. Kapan murid kelas IV rekreasi? Ukara andharan sing mathuk kanggo mangsuli yaiku ...
a.Sesuk dina Minggu                                      c. Murid-murid rekreasi        
b. Murid-murid rekreasi karo Bapak              d. Murid-murid seneng banget

26. Omahe apa wis (resik)? Tembung jero kurung benere ... .
a. diresiki                    b. dakresiki                  c. kokresiki                  d. resikana

27. Anak polah bapa ... .
a. kapitunan                b. kepradhah               c. kesiksa                     d. keduwung

28. Adhiku ... sega kuning. Tembung sing mathuk kanggo ukara iku ... .
a.neda                         b. dhahar                     c. mangan                   d. mamah

29. Wiwit bocah nganti dewasa, paribasane ... .
a. keplok ora tombok  b. tulung menthung    c. dahwen ati open     d. kuncung nganti gelung

30. Wartawan iku penggaweane golek warta. Tembung warta sinonime ... .
a. jelas                         b. kabar                       c. jeneng                     d. sedulur


II. Isenana titik-titik ing ngisor iki!

1.Bapak muleh saka kantor. Ukara iku krama aluse ... .

2. Sandhangan panyigeg ana ..., yaiku ... .

3. Ukara kang isine wujud pitakonan diarani ... .

4.Dubang, lunglit, dhegus kalebu ...


5. Tembung lunglit asale saka ... lan ... .

6. Murid kedhah sregep sinau. Ukara iki basa ngokone ... .

7. Saben mulih sekolah Jarot mesthi mampir dolanan PS nganti sore. Yen dituturi ibune malah mbantah. Tanggapanmu : ... .

8. Tembung dhewur asale saka ... lan ...

9. ... sing kogawa? Tembung pitakon sing mathuk yaiku ... .

10. Jenenge bapak Susila. Sinonim tembung jenenge yaiku ... .

III. Garapen manut prentahe!

1.Gawea ukara nganggo basa ngoko alus 2 wae!

2. Gawea ukara nganggo basa krama 2 wae!

3. Gawea ukara nganggo tembung:
            a. sawo mateng
            b. tanggung jawab

4. Critakna pengalamanmu sing nyenengake 1 paragraf wae!

5. Gawea ukara pitakon nganggo tembung pitakon:
            a. kepriye
            b. ing ngendi





















KUNCI JAWABAN PERSIATAN UTS I
KELAS IV


I.Pilihen jawaban sing bener!


1.d                   6.b                   11.b                 16.a                 21.b                 26.c
2.c                   7.c                   12.d                 17.d                 22.d                 27.b
3.c                   8.b                   13.c                 18.c                 23.b                 28.c
4.a                   9.c                   14.c                 19.a                 24.b                 29.d
5.a                   10.b                 15.a                 20.b                 25.a                 30.b


II.Isenana!


1.kondur                                                          6.Murid kudu sregep sinau
2.4: wignyan, layar, cecak, pangkon              7.ora setuju, Jarot mbantah karo ibune
3.ukara pitakon                                               8.gedhe lan dhuwur
4.camboran wancahan                                   9.Apa
5.balung lan kulit                                            10.asmane


III.Garapen manut prentahe!


1.a.Bapak dhahar sega pecel.
   b.Simbah ngendika yen arep tindak.
2.a.Ibu mundhut wos.
   b.Bapak sampun sare.
3.a.Mas Karman kulitane sawo matang.
   b.Dadi murid kudu nduweni tanggung jawab.
4……………………………………
5.a.Kepriye kabare Bulik lan Paklik?
   b.Ing ngendi sekolahmu?


           

Soal-soal Bahasa Daerah

BERLATIH YUK UNTUK PERSIAPAN ULANGAN HARIAN KE 2

KELAS IV

MATERI WULANGAN 2

Wacan

            Desa Ringinanum mujudake dhaerah pegunungan sing isih alami, lingkungane katon resik lan tumata, sesawangane endah, tur lemahe subur. Saperangan gedhe masyarakat desa Singinanum panguripane saka asile tetanen. Senajan ta ing dhaerah pegunungan nanging lemahe kalebu lemah sing loh tur tata cara pangolahe tetanen kalebu wis modern. Mulane mokal yen asile tetanen saben taun tansah ana undhak-undhakan.

            Lingkungan Ringinanum pancene lingkungan sing isih alami, alase isih lestari lan utuh. Para wargane padha nyadhari bab perlune kalestaren lingkungan. Kabeh padha sadar menawa lingkungane ora dijaga bakal nuwuhake anane bebaya utawa bencana alam ndadekake kapitunan tumrape para warga. Ya amarga masyarakat sing padha sadhar ngenani kalestarene lingkungan, mulane ing desa Ringinanum ora tahu ana bencana alam kang disebabake dening rusake lingkungan.

I.Pilihen jawaban sing bener!

1. Masyarakat Ringinanum saperangan gedhe saka ... .
a. tani              b. dagang        c. pegawe        d. buruh

2. Asile tetanen saben taun mesthi ningkat jalaran ... .
a. oleh bantuan saka pemerintah
b. olehe rabuk nganti luwih-luwih
c. asile tetanen ora ana sing didol
d. pangolahe tetanen wis modern

3. Ing desa Ringinanum ora tau ana bencana alam jalaran ... .
a. panggonane strategis                     c. kahanane isih alami
b. masyarakate padha sadar             d. Masyarakate isih kuna

4. Kahanane desa Ringinanum ... .
a. endah lan lemahe cengkar             c. isih alami lan kuno
b. alami, resik, lan tumata                 d. sesawangane endah, lemahe gersang

5. Ibu Guru ngomong yen murid-murid kelas IV kudu sregep sinau. Tembung ngomong krama aluse ... .
a. mundhut      b. ngendika     c. kandha         d. bicara

6. Amarga isih cilik, omongane adhiku durung cetha. Tembung cetha sinonime ... .
a. krungu         b. kabar           c. jelas             d. lucu

7. Bapak tugas sinau ing luar negeri suwene sepuluh taun. Tembung taun sinonime ... .
a. warsa          b. dulur            c. sabar           d. arum

8. Sing ora kalebu ater-ater tripurusa yaiku ... .
a. ko                b. ng                c. dak               d. di

9. Ukara sing nggunakake wasesa tembung tanggap diarani ... .
a. ukara tanggap                                c. ukara tanduk          
b. tembung tanggap                           d. tembung tanduk

10. Yen wis (waca) bukune, banjur garapen! Tembung jero kurung benere ... .
a. diwaca         b. dakwaca      c. kowaca        d. wacanen

11. Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar nanging ora ngemu surasa pepindhan diarani ... .
a. geguritan    b. ukara tanggap         c. paribasan    d. tembung tanggap

12. Bukuku (gawa) Umi. Tembung gawa benere ... .
a. kogawa        b. digawa        c. dakgawa      d. gawanen

13.                   Ibu
            Ibu,
            titahing Gusti kang pinasthi
            nerusake jaman kanthi tulusing ati
            nggulawentah anak kanthi premati
            pakaryan abot tan samba ting ati

Karangan ing nduwur diarani ... .
a.geguritan                 b. paribasan                c. tembung                  d. ukara

14. Melu seneng nanging ora melu ngetokake wragad, paribasane ... .
a.dahwen ati open                  c. kuncung nganti gelung
b. keplok ora tombok              d. nabok nyilit tangan

15. Kriwikan dadi grojogan tegese ... .
a.nacat sejatine duwe melik               c. nenulung nanging nyilakakake
b. wiwit bocah nganti dewasa            d. perkara cilik dadi gedhe

II.Isenana titik-titik ing ngisor iki!

1.Pada lingsa iku gantine ... .

2. PR-mu apa wis (garap)? Tembung garap benere ... .

3. Latare wis (sapu) mau esuk. Tembung sapu benere ... .

4. Bu Darsih lagi ngobrol karo Bu Nina. Tembung ngobrol krama aluse ... .

5. Tembung kang oleh ater-ater tripurusa diarani ... .

6. Ingkang mucal Basa Jawa jenenge Bu Ina. Tembung jenenge sinonime ... .

7. Kembang mawar ambune wangi. Tembung wangi sinonime ... .

8. Wis suwe ora ketemu, kepriye wartane? Tembung warta sinonime ... .

9. Nulung menthung tegese ... .

10. Wong sing ngendhelake kekuatane, kapinterane, lan kaluhurane paribasane ... 

III. Terusno paribasan ing ngisor iki!

1.Anak polah ... .
2.Dahwen ati ... .
3. Undhaking pawarta ... .
4. Iwak lumebu ... .
5. Nabok nyilih ... .




KUNCI JAWABAN PERSIAPAN ULANGAN HARIAN 2
                                                                   KELAS IV   
   

I.Pilihen jawaban sing bener!


1.a          6.c          11.c
2.d          7.a          12.b
3.b          8.b          13.a
4.b          9.a          14.b
5.c          10.c        15.d


II.Isenana!


1.koma                                                6.asmane
2.kogarap                                            7.arum
3.daksapu                                            8.kabare
4.ngendika                                            9.nenulung nanging nyilakakake
5.tembung kriya tanggap                      10.adigang, adigung, adiguna


III.Terusna!       
  

1.bapa kepradhah                               4.ing wuwu
2.open                                                5.tangan
3.sudaning kiriman






Soal-soal Bahasa Daerah

LATIHAN PERSIAPAN UTS SEMESTER I KELAS V
MATA PELAJARAN BAHASA DAERAH
TAHUN PELAJARAN 2011-2012

Wacanen sing titi lan ngertenana isine!

                                                             Among Tani
                        Saben wulan Nopember manut adat mesthi wis udan. Udan mau diarani udan sepisanan tegese udan kang kawitan sawise ketiga dawa sing lawase kira-kira nem nganti pitung wulan. 

                        Para among tani kalebu Pak Sugeng atine rumangsa seneng amarga udan sing diarep-arep wis teka lan wektune pas. Pak Sugeng esuk umun-umun wis ana tegalan saperlu nyingkal sawahe nganggo sapi.

                        Ing galengan sawahe Pak Sugeng ditanduri jagung arang-arang, perlune arep ditumpang sari karo Lombok.

                        Desane Pak Sugeng kalebu petani sing maju, mula desane uga katon menthereng, nanging akeh uga sing ngingu rajakaya. Ingon-ingon rajakaya iku akeh manfaate. Sing kalebu rajakaya yaiku sapi, kebo, wedhes, lsp.Kotorane rajakaya uga tlethonge uga bisa dadi rabuk sing diarani pupuk kandhang, dene sisa-sisane pakan saka suket, tebon, land amen bias digawe pupuk sing diarani pupuk kompos. 

I.Pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis!

1.Apa tegese udan sepisanan?
2.Apa sebabe para among tani padha seneng atine?
3.Sapa sing esuk umun-umun wis nggarap tegalan?
4.Kewan apa wae sing kagolong rajakaya?
5.Pupuk kandhang iku digawe saka apa?

II.Pilihen jawaban sing bener!

1.Cacahe gatra utawa larik ing saben pada diarani … .
a.guru                                      c.guru wilangan
b.guru lagu                              d.guru gatra            

2.Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar nanging ora ngemu teges surasa pepindhan diarani … .
a.geguritan                                         c.paribasan
b.parikan                                             d.wangsalan

3.Ibu maos koran ing teras. Ukara iku wasesane … .
a.ibu                                                    c.koran
b.maos                                                d.ing teras

4.Wingi sore Rahman nggarap PR. Ukara iku jejere … .
a.wingi sore                                        c.nggarap
b.Rahman                                            d.PR

5.Becik ketitik ala ketara, tegese … .
a.tumindak becik bakal ketara           c.tumindak becik ora ketara
b.tumindak ala bakal ketara               d.tumindak becik lan ala bakal ketara

6…. carane amrih petani ora rugi? Tembung pitakon sing mathuk … .        
a.Apa                                                   c.Sapa
b.Kapan                                               d.Kepriye

7…. sing kudu waspada kanthi anane wabah flu burung? Tembung pitakon sing mathuk … .   
a.Apa                                                         c.Sapa
b.Kapan                                                     d.Kepriye

8.Puisi Jawa gagrag anyar sing ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging isih ngugemi anane rasa kaendahan diarani … .
a.geguritan                                               c.paribasan
b.wangsalan                                             d.tembung antar

9.Abang-abang lambe tegese … .
a.ora ngrewes rerasan ala                    c.guneme mung lamis
b.senengane ngapusi                            d.mbangkang marang negara       

10.Bodho utawa pinter bisa kapusan, paribasane … .
a.tulung menthung                               c.ana catur mungkur
b.bidhung api rowang                          d.bondhan tanpa ratu

11.Tembang macapat cacahe ana … .
a.9                                                         c.11
b.10                                                      d.12

12.Pasangan sing ora owah saka asale, yaiku pasangan … .
a.ka, ta, la                                           c.ha, sa, pa
b.ya, ra, ga, nga                                 d.ba, tha, ra, ka

13.Tembang macapat uga diarani… .
a.tembang tengahan                       c.tembang gedhe
b.tembang cilik                                 d.tembang gula

14.Pasangan ka, ta, lan la panggone ana ing … huruh mati.
a.ngisore                                           c.tengahe
b.nduwure                                        d.kiwane

15.Agnes nggarap PR ing omahe kancane mengko sore. Katrangan panggonan ukara … .
a.mengko sore                                 c.ing omahe kancane
b.nggarap                                         d.ing omahe

16…. regane buku Wasis Basa? Tembung pitakon sing mathuk yaiku … .
a.Sapa                                               c.Apa
b.Kepriye                                          d.Pira

17.Adhiku lagi adus ing jedhing. Ukara iku kalebu … .
a.ukara pakon                                 c.ukara pitakon
b.ukara penjelas                             d.ukara andharan


18.Mbak Yani ditimbali Bu RT. Tembung ditimbali ngoko lugune … .
a.katimbalan                                  c.dipuntimbali
b.diutus                                         d.diceluk

19.Kang kalebu ukara kanthi pola J-W-L-K.panggonan yaiku … .
a.Pak Yono nandur jagung ing tegal.
b.Pak Yono dhahar kacang sore-sore.
c.Mau bengi ibu tindakn Solo.
d.Pak Yono ing tegal nandur kacang.

20.Wahyu tuku buku wingi esuk. Ukara iku kanthi pola …
a.J-W-L-K.panggonan                      c.J-W-L-K wektu
b.K.panggonan-J-W-L-K                 d.K.wektu-J-W-L-K

III.Isenana titik-titik ing ngisor iki!

1.Dhong-ndhinging swara kang manggon ing saben pungkasane gatra utawa larik diarani …

2.Simbah ngunjuk obat ing dhipan. Ukara iku kanthi pola … .

3.Endhahing geguritan ana ing … .

4.Mburu uceng kelangan deleg, tegese … .

5.Nggancarake geguritan tegese … .

6.Coba, tutupen lawange kamar iku! Ukara iku kalebu … .

7…. kowe tuku buku Wasis Basa? Tembung pitakon sing bener yaiku … .

8.Abang-abang, ora legi
   …………………………………

9.Bapak nonton wayang, aku nonton dhangdhut. Ukara iku basa kramane …

10.Lastri lagi sinau basa Jawa. Yen didadekake ukara pitakon dadi … .

11…. lampu kamar mandi kuwi! Tembung sing mathuk kanggo ukara iku … .

12.Iuran koperasi sing dibayar saben sasi/saben wulan diarani … .


13.                                       Kartika
          Endah ngelam-elami
          Dadi tamba wong kang lagi lara
          Jroning wengi kang sepi
          Eling agunging kang Kuwasa
Karangan iku diarani … .

                                             Gambuh
          Maneh-maneh welingku
          Ngabektia marang rama ibu
          Uga guru kabeh paring suluh becik
          Kanggo nata urip mbesuk
          Paring teken miwah obor

Guru wilangane …, …, …, …, …, … .

14.Gawea ukara kanthi pola J-W-K.panggonan! = …

15.                                         Kinanthi
          Padha gulangan ing kalbu
          Ing sasmita amrih lantip
          Aja pijer mangan nendra
         Ing kaprawitan den kesthi
          Pesunen sariranira
          Sudanen dhahar lan guling

Guru lagune …, …, …, …, …, … .





KUNCI JAWABAN PERSIAPAN UTS I SEMESTER I KELAS V
TAHUN PELAJARAN 2011-2012

I.Mangsuli pitakon!

1.Udan kang wiwitan sawise ketiga dawa sing lawase kira-kira nem nganti pitung wulan.
2.Among tani seneng amarga udan sing diarep-erep wis teka lan wektune pas.
3.Pak Sugeng
4.Sapi, kebo, wedhus
5.kotorane rajakaya    
    
II.Pilihen jawaban sing bener!

1.d                                    6.d                                      11.c                             16.d
2.c                                    7.c                                      12.b                             17.d
3.a                                    8.a                                      13.b                             18.d
4.b                                    9.c                                      14.a                             19.a
5.d                                    10.b                                    15.c                             20.c

III.Isenana!

1.guru lagu                                                                      9.mrisani, ndheleng
2.J-W-L-K.panggonan                                                  10.Sapa lagi sinau?
3.wirama/lagune, busanane basa                                          Lastri sinau apa?
4.mburu barang sepele, kelangan barang gedhe               11.Urupna
5.nyalin geguritan dadi gancaran                                      12.iuran wajib
6.ukara pakon                                                                13.geguritan
7.Ing ngendi                                                                    14.7, 10, 12, 8, 8
8.tiwas dagang, ora bathi                                                 15.u, i, a, i, a, i