Sabtu, 11 Desember 2010

Kunci Jawaban Gladhen 1 Wulangan 5 kelas V


WULANGAN 5 KELAS V
CRITA WAYANG
KUNCI JAWABAN



Gladhen 1
1.Paraga ing wacan Bima Gugah yaiku:
a.Bima, watake tekate gedhe kanggo ndarmabektekake uripe marang wong tuwane.
b.Puntadewa, Arjuna, lan para Pandawa, watake bekti marang wong lan rila ngurbanake jiwa ragane kanggo nyuwargakake wong tuwane.
c.Duryudana, watake srakah, srei, lan drengki
d.Patih Sengkuni, watake seneng ngombyongi tumintak sing ala utawa ora bener
e.Pandhita Dorna, watake ora bisa tumindak adil marang para siswane(Pandhawa lan Kurawa)
f.Sang Hyang Baruna, watake adil lan wicaksana
g.Prabu Kresna, watake adil paramarta, berbudi bawa leksana




2.Ringkesan critane:



Bima Gugah
            Ing sawijining dina Negara Astina ketaman banjir bandhang kang ngrusak wewangunan, tanduran, lank urban para kawulane.Banjir bandhang kasebut dijalari saka sang Bratasena kang lagi mertapa ing Bengawan Gangga.Tapane Bratasena merga kepengin nyuwargakake wong tuwane sing lagi nindakake paukuman ing Kawah Candradimuka.Prabu Duryudana raja ing Astina banjur ngerigake prajurite kanggo njugarake patapane Bratasena, nanging ora kasil.
            Bratasena banjur karawuhan Sang Hyang Baruna kang njaluk kasaguhane Bratasena didhaupake karo putrine aran Dewi Urangayu.Bratasena saguh, nanging dheweke duwe panyuwunan yaiku diparingi lenga pangiwikan kanggo ngentasake panandange rama lan ibune ing kawah Candradimuka.Sawise entuk lenga pangiwikan, Bratasena banjur budhal menyang khayangan saperlu ngluwari panandhange rama lan ibune.Satekane ing khayangan, Bratasena nyemplung Kawah Candradimuka kang anehe geni kang mulat-mulat krasa adhem.Sedulure para pandhawa uga melu nyemplung, nanging uga ora krasa panas, awit wis nggawa srana kanggo nulak panas yaiku lenga pangiwikan.Wekasane rama lan ibune kasil mentas saka Kawah Candradimuka lan munggah menyang swarga loka.






3 komentar: