Senin, 13 Desember 2010

Latihan Ulangan Bahasa Daerah 1 Kelas 5


LATIHAN ULANGAN BAHASA DAERAH 1
SEMESTER II KELAS V
MATERI:PELAJARAN 5

Balesan layang ing ngisor iki gatekna!
                                                                                   Kediri, 10 Pebruari 2006
                                                                                   Kanggo mitraku
                                                                                   Sari
                                                                                   Ing Blitar
            Salam kangenku kanggo Sari,
            Sari, layangmu wis daktampa dhek tanggal 30 Januari kepungkur.Matur nuwun banget kowe wis menehi kabar aku.Ya awit saka pamujimu aku sakeluwarga img Kediri uga tansah ginanjar slamet ora ana alangan apa-apa.Bab anane bencana banjir, ya syukur kedadean adoh saka panggonanku, dadi keluwargaku isih slamet.
            Terus ngenani rencanamu arep dolan menyang Kediri, iku malah kabeneran banget.Sejatine aku wis suwe kepengen dolan menyang Blitar, nanging amarga during duwe sangu saengga isih during bisa kelakon.Yen pancen kowe karo keluwargamu sida menyang Kediri, suk dakpapag ing terminal.
            Cukup semene dhisik kabar saka aku.Bab liyane bisa disambung maneh yen kowe wis teka ing Kediri.Yen ana kaluputan tembung aku njaluk pangapura.Suwun.
                                                                                   Salam mitramu

                                                                                   Reni
I.Coba, isenana titik-titik ing ngisor iki!

1.Sing diarani titimangsa yaiku … .
2.Asma pangirim yaiku … .
3.Layang ing ndhuwur kanggo … .
4.Sing diarani adangiyah yaiku … .
5.Isi utawa surasa basa ana ing paragraph … .
6.Panutup surat uga diarani … .
7.Salam mitraku diarani … .
8.Sing diarani panutup surat yaiku … .
9.Sari iku asale saka … .
10.Sing diarani bebuka yaiku … .

II.Gawea ukara nganggo tembung ing ngisor iki!
1.kosusul         2.dipapag        3.dakgawa       4.daksilih         5.kobonceng

III.Wangsulana ukara pitakon ing ngisor iki!
1.Apa tegese geguritan?
2.Sebutna sing kalebu ater-ater tripurusa!

IV.Tulisen aksara Jawane!
1.Obat panu = … .
2.numpak gajah = … .

V.Isenana titik-titik ing ngisor iki! 

1.Pambarepe Pandhawa yaiku … .
2.Pandhawa iku ana … .
3.Perangane surat ana …, yaiku … .
4.Pandhawa kuwi ana ing lakon … .
5.Jenenge Pandhawa sing katelu yaiku … .
6.Pandhawa kuwi sedulur ipene … .
7.Ragile Pandhawa yaiku … .
8.Bima iku padha karo … .
9.Bapake Gatutkaca yaiku … .
10.Ghandhanggula kalebu tembang … .

6 komentar: