Rabu, 26 Oktober 2011

Soal-soal Bahasa Daerah

LATIHAN ULANGAN HARIAN 4 SEMESTER I
KELAS IV
MATA PELAJARAN BAHASA DAERAH
Wacanen kang patitis.
                                                            Perlune Olah Raga
            Saben esuk keluwargane Sari mesthi olah raga. Merga olah raga ndadekake awak bisa sehat. Kanggo njaga lan ngopeni kesehatan awak, ora mung cukup mangan lan ngombe kang sarwa enak sarta ngandhut gizi kang becik wae. Nanging, uga mbutuhake olah raga.
            Tumindake olar raga iku kudu ajeg lan tumata utawa teratur. Olah raga kang katindakake kanthi ajeg lan teratur iku bisa nyebabake rasa seger mungguhing jiwa raga. Turu bisa angler, mangan bisa enak saengga jiwa raga dadi sehat kebak semangat.
            Mula saka iku wong sing ringkih kesehatane, seneng ngrokok, nduwe lara jantung, lan lara liyane kudu seneng lan sregep olah raga.

I.Pitakon ing ngisor iki wangsulana!
1.Apa irah-irahan wacan ing nduwur?
2.Keluwargane sapa sing seneng olah raga?
3. Olah raga apa sing kosenengi?
4.Apa manfaate olah raga?
5.Apa usahamu kanggo njaga kesehatanmu?

II.Isenana titik-titik ing ngisor iki!
1.Simbah tuku suruh ing pasar. Ukara iku kramane … .
2.Pak Basuki mirsani TV. Ukara iku ngokone … .
3.Aku nganggo klambi abang, Mas Guntur … klambi batik.
4.Ani … tas, Bu Guru ngasta tas.
5.Ing tembung”kluyar-kluyur” ana panjingan …
6. Ing tenbung”pelem kweni” ana panjingan … .
7.Ing tembing”kwatir” ana panjingan … .
8.Abimanyu iku putrane … .
9.Gatutkaca iku saka … .
10.Sapa ramane Karna? Ukara iku ngokone … .
11.Tembung sing nduweni panjingan “wa’ tuladane … .
12.Tembung sing nduweni panjingan”la” tuladane … .
13.Budi diwenihi dhuwit simbah. Ukara iku kramane … .
14.Yen wayah ketiga akeh kewan … .
15.Pak Guru maca buku. Ukara iku kramane … .

III. Wangsulana manut perintahe!
1.Gawea 2 ukara nganggo basa ngoko!
2.Gawea 2 ukara nganggo basa karma!

KUNCI JAWABAN LATIHAN ULANGAN 4
I.1.Perlune Olah Raga                                    4.rasa seger mungguhing jiwa raga
2.Sari                                                              5.mangan kang cukup gizi, ngaso, lan olah raga
3…
II.1.Eyang mundhut suruh dhateng peken.           
2.Pak  Basuki ndheleng TV                                                                                                                             
6.wa     
7.wa
8.Janaka
9.Pringgodani
10.Sapa bapake Karna?
11.swiwi, kwali, kwaci
12.klasa, klapa, blabag
13.Budi dipunparingi arta simbah
14.laler
15.Pak Guru maos buku                                                      
III.1.Ibu wingi sore lunga menyang pasar.
        Mas Karman ndheleng balapan sepeda
      2.Ibu kala wingi sonten tindak dhateng peken.
        Mas Karman mirsani balapan sepeda.


LATIHAN ULANGAN HARIAN 4 SEMESTER I
KELAS V
MATA PELAJARAN BAHASA DAERAH
Wacanen kang patitis.
                                                                        Ngingu Pitik
            Nalika Jadmika munggah kelas lima, Jadmika rangking siji, mula wektu dheweke sowan simbah ing Jombang, Jadmika diparingi hadiah arupa pitik sajodho. Pitik mau isih kuthuk. Sing lanang ulese ireng dijenengi Si Cemeng lan sing wadon ulese blorok, mula dijenengi Si Blorok.
            Bareng wis tekan ngomah Jadmika ora leren, sawise cucul (lepas) klambi lan clana ganti klambi padinan, terus budhal memburi nggawa bendho ngethok pring. Ing pangangkah Jadmika arep nggawe pranji, ben kuthuke mau yen wayah bengi ora kadhemen.
            Jadmika pancen bocah trampil, pinter lan disiplin, lan ngerti unggah-ungguh. Pakulinan sing mangkono mau katitik saka pangramute Si Cemeng lan Si Blorok, saben dina dipakani jagung, lan pranji mesthi tansah resik.
            Saiki Si Cemeng wis dadi jago lan Si Blorok wis ngendhog sanga. Yen manut petungane Jadmika minggu ngarep endhoge wis netes, amarga olehe angkrem wis oleh telung minggu.
            Bener, endhoge bisa netes kabeh. Pitike Jadmika dadi akeh, saperangan asile bisa kanggo biaya sekolah. Bapak lan ibune Jadmika seneng banget. Jadmika bisa sinau mandiri.

I.Gawea pitakon nganggo tembung pitakon ing ngisor iki!
1.Sapa             = ………………
2.Ing ngendi    = ………………
3.Kapan           = ……………….
4.Pira               =……………….
5.Kepriye         = ………………
II.Owahana dadi ukara tanduk!

1.Dhuwitku wis daksimpen.
2.Bukumu durung kosamaki.
3.Sepedhahe adhik disilih Mas Jupri.

III.Owahana dadi ukara tanggap!
1.Saben esuk Lastri nyapu latar.
2.Ibu ndadar endhog kanggo sarapan.
3.Pak Darji maca kalawarti Penyebar Semangat.

IV.Isenana titik-titik ing ngisor iki!
1.Sapa sing (waca) buku iku? Tembung waca benere … .
2.Tembung loro kang padha utawa meh padha tegese kang dienggo bebarengan diarani … .
3.Wis (tutur) ibune bola-bali kok tetep ora digugu. Tembung tutur benere … .
4.Dhisik mlarat, saiki … .
5.Karo sanak … kudu rukun.
6.Bukumu sing ilang apa wis (golek)? Tembung golek benere … .
7.Pitike kokpakani jagung, ukara tanduke … .
8.Bapak maos Koran, aku … kalawarti.
9.Anak kudu setya … marang wong tuwa.
10. Yen ngatur aja … mengko bubrah kabeh.
11.Ibu … pasar, adhik lunga menyang sekolah.
12.Pitike (pakan) bapak esuk mau. Tembung pakan benere … .
13.Bocah kuwi nduweni budi … sing apik.
14.Keluwargane Sari padha adhem … wae.
15.Paklik nyancang sapi ing kandhang. Ukara tanggape … .

V.Gawea ukara nganggo tembung ing ngisor iki!
1.mapag
2.nyapu
3.ngedol
4.digoreng
5.dakumbah

KUNCI JAWABAN LATIHAN ULANGAN HARIAN 4
KELAS V
I.1.Sapa sing oleh hadiah pitik sajodho?
2.Ing ngendi Jadmika nggawe pranji?
3.Kapan Jadmika oleh hadiah saka simbah?
4.Piro endhoge pitike Jadmika?
5.Kepriye watake Jadmika?
II.1.Aku wis nyimpen dhuwitku.
2.Kowe during nyamaki bukumu.
3.Mas Jupri nyilih sepedhahe adhik.
III.1.Latar disapu Lastri saben esuk.
2.Endhog didadar ibu kanggo sarapan.
3.Kalawarti Penyebar Semangat diwaca Pak Darji.
IV1.maca                                 6.digoleki                                            11.tindak
2.tembung saroja                  7.Kowe makani pitik jagung             12.dipakani
3.dituturi                                8.maca                                                            13.pekerti
4.sugih mbrewu                     9.tuhu                                                 14.ayem
5.kadang/sadulur                  10.tumpang tindhih                          15.Sapi dicancang Paklik
                                                                                                                  Ing kandang
V.1.Mas Bayu mapag adhine.
2.Marni nyapu latar.
3.Marni ngedhol pitik.
4.Gedhange digoreng ibu.
5.Klambine dakumbah dhewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar