Kamis, 01 Desember 2011

Latihan Uas Semester I kelas 4 tahun 2011-2012


BELAJAR UAS SEMESTER I TAHUN 2011 – 2012

Mata Pelajaran      : Bahasa Daerah
Kelas                          : 4 ( empat )

Wacan.
                                
                                                                         Kobongan

            Wingi sore ing kampungku ana ontran-ontran kang arupa kobongan.Nalika aku nonton televise kepungru swarane wong-wong kampong sing padha pating jlerit bengok-bengok ngandhakake yen ana kobongan.

            “Tulung …! Tulung … ! Tulung … ! Kobongan… ! Ana kobongan … !” mangkono pambengoke wong-wong kampong sing weruh yen omahe Pak Ariyanto kobongan. Wong-wong sing krungu lan ngerteni yen ana bebaya mau padha mlayu nyedhak menyang omahe Pak Ariyanto sing manggon ing sacedhake musholla. Kejaba kepengen weruh kedadeyan, uga kepengin aweh pitulungan. Krungu ana kobongan, Pak Solikin ( Ketua RT ) banjur ngumumake kedadeyan iku lumantar speaker sing ana ing musholla.

            Wong-wong sing teka kabeh padha ibut mbudidaya nyegah mrenteke geni supaya ora tekan ngendi-ngendi. Pak Suyut lan Pak Agus age-age golek slang lan ember wadhah banyu kanggo nyirami geni sing saya suwe saya tansah gedhe. Semono uga Mak Riyamah, senajan ta umure wis tuwa nanging ora gelem ketinggalan anggone melu cawe-cawe menehi pitulungan sarana melu ngusungi banyu saka sumur kanggo nyirami geni. Kabeh wong sing teka uga padha golek banyu lan mbudidaya mateni geni.

I.Isenana titik-titik ing ngisor iki manut wacan ing ndhuwur!

1.Wong-wong kampong padha pating jlerit jalaran … .
2.Manut wacan ing ndhuwur sing kobongan omahe … .
3.Sing ngumumake kedadean kobongan liwat speaker ing musholla yaiku … .
4.Wong-wong sing teka padha ngusungi banyu kanggo … .
5. Nalika aku … keprungu swarane wong-wong kampong padha pating jlerit.

II.Pilihen wangsulan sing bener!

1.Bapak :”Karman, Bapak pundhutna rokok!”
   Karman :” …..”
Ukara sing mathuk kanggo mangsuli yaiku … .
a.Inggih, Pak   b.Iya, Pak         c.Ora, Pak       d.Mboten, Pak

2.Bapak maos Koran, aku … majalah.
a.tuku              b.golek                        c.mangan        d.tuku

3.Wong sing ora resikan gampang kena (lara). Tembung lara benere … .
a.lara-lara       b.lara               c.lora-lara       d.lelara

4.Sandhangan wiyanjana ana … .
a.2                   b.3                   c.4                   d.5

5.Sing kalebu panjingan “wa” yaiku … .
a.kwaci, klapa, kwalo              c.klasa, glugu, swiwi
b.kwaci, swiwi, kwalo             d.swiwi, klambi, glugu

6.Paklik Kardi tindak Solo. Tembung Paklik saka … .
a.bapak + cilik                         c.bapak + gedhe
b.bapak + ibu                          d.bapak + simbah

7.Tembung camboran sing disuda wandane diarani … .
a.camboran     b.camboran entar       c.camboran tugel        d.camboran wutuh

8.Tembung”srengenge” enthuk sandhangan … .
a.cakra                        b.keret             c.pengkal         d.pangkon

9.Tembung”bapak” enthuk sandhangan … .
a.cakra                        b.keret             c.pengkal         d.pangkon

10.Pulpen ing ndhuwur meja mau wis (jupuk). Tembung jupuk benere …
a.dijupuk         b.jupuken        c.kokjupuk       d.dakjupuk

11.PR Basa Jawa apa wis (garap)? Tembung garap benere … .
a.digarap         b.garapen        c.kokgarap      d.dakgarap

12.Simbah tuku jamu. Ukara iku kara aluse … .
a.Simbah mundhut jamu        c.Simbah mundhut jampi
b.Simbah tumbas jampi         d.Eyang mundhut jampi

13.Karman bocah males sinau. Yen ulangan Karman mesthi nyontek kancane. Saranmu …
a.Karman dadi bocah males terua            c.Karman kudu dadi bocah sregep
b.Karman ora oleh sekolah                     d.Karman kudu dibenci kanca-kancane

14.Tembung”kopyah” enthik sandhangan … .
a.pengkal        b.cakra                        c.keret             d.pangkon

15.Surabaya, 5 Desember 2011. Perangane laying iku diarani … .
a.Adangiyah                            c.Pambuka
b.Panutup                                d.Papan lan titi mangsa

16.Sing kalebu ater – ater tripurusa yaiku … .
a.dak, ko, di     b.dak, ko, ng    c. ko, di, ny      d.ng, ny, m, n

17.Esuk-esuk aku wis adus, bapak dereng … .
a.adus              b.dhahar          c.wungu           d.siram

18.Cukup semene wae suratku. Dak enteni balesanmu. Perangane laying iku kalebu … .
aPapan lan titi mangsa           c.Pambuka
b.Panutup                                d.Isi

19.Sandhangan layar manggon ing … aksara.
a.sandhuwure             b.satengahe                c.sangisore      d.sakiwane

20.Tembang tengahan uga diarani tembang … .
a.cilik               b.kawi              c.dhagelan      d.dolanan

III.Isenana titik-titik ing ngisor iki!

1.Tembung camboran wutuh tuladane … lan … .
2.Marang tugas saka Bu Guru, bocah-bocah kudu ngggarap kanthi … .
3.Pak Karno tindak dhateng Jakarta. Ukara iku basa ngokone … .
4.Kabare eyang ing kene apik-apik wae. Ukara pitakon sing bener kanggo wangsulan iku …
5.Sandhangan”wiyanjana” ana … .
6.Tembung”tuku krai” enthuk sandhangan … .
7.Sinta, kahananku ing Kediri apik-apik wae. Kepriye kahananmu ing Surabaya?
  Perangane layang ing ndhuwur diarani … .

8.Aku arep menyang Surabaya bubar rapotan. Tulung aku papagen ing stasiun Pasar Turi.
  Perangane laying ing ndhuwur diarani … .

9.Bocah-bocah kelas papat latihan upacara bendera. Ukara iku kalebu ukara … .
10…. carane nulis sing apik iku? Tembung pitakon sing bener yaiku … .
11.Aja playon, mengki tiba! Ukara iku kalebu ukara … .
12.Sapa sing pinter ing kelas papat iki? Ukara iku kalebu ukara … .
13.Ibu ndhawuhi bocah-bocah supaya sregep sinau. Tembung ndhawuhi basa ngokone … .
14.Cacahing wanda saben gatra diarani … .
15.Tembung sing enthuk panjingan “la” tuladane … .
16.Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
     dawa kaya ula
     pencokanmu wesi miring
     yen lumaku si pucung ngumbar swara
Tembang pucung ing ndhuwur batangane … .

17.Bapak pucung tanpa untu darbe siyung
     badanira panjang
    tutukira pun pesagi
    dina-dina pucung nguntal buntutira
Tembang pucung ing ndhuwur ndhuweni guru lagu …, guru gatra …, lan guru wilangan …

18.Guru lagu yaiku … .
19.Guru gatra yaiku … .
20.Tono bocah pinter. Nanging Tono ora bisa srawung marang kancane. Tono ora tahu gelem dolanan. Dina-dina Tono mung sinau lan maca buku.
Komentarmu marang Tono : …

IV.Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

1.Gawea 2 ukara andharan!
2.Gawea 2 ukara pitakon!
3.Gawea 2 ukara pakon!
4.Apa tegese tembung camboran?

5.                      Gambuh
            Sekar gambuh ping catur
            kang cinatur polah kang kalantur
            tanpa tutur katula-tula katali
            kadaluwarsa katuduh
            kapatuh pan dadi awon
Tembang gambuh ing ndhuwur golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune!


CATATAN :
Sengaja tidak ada kunci, bila ada soal-soal yang sulit bisa ditanyakan. Selamat belajar! Sukses untuk kalian semua.






Tidak ada komentar:

Posting Komentar