Kamis, 12 April 2012

Latihan Ulangan

LATIHAN ULANGAN HARIAN III SEMESTER II KELAS IV
TAHUN PELAJARAN 2011 – 2012

A.Ukara tanggap ing ngisor iki owahana dadi ukara tanduk!


1.Tanganku dientup tawon.

2.Sukete dibubuti Hardi.

3.Jeruk iku ditandur Pak Hadi ing tegalan.

4.Buku crita cekak dakwaca.

5.PR Basa Jawamu apa wis kokgarap?

B.Ukara tanduk ing ngisor iki owahana dadi ukara tanggap!


1.Pak Kardi ngingu tawon madu.

2.Dhik Rini nyekel pitiku.

3.Aku ngombongake pitik jago iku.

4.Dhik Tini nglumpukake endhog.

5.Sari mbalekake buku.

Isenana titik-titik ing ngisor iki!


1.Tembung”pari” ana sandhangan swara … .

2.Tembung”kebo” ana sandhangan swara … .

3.Sandhangan swara cacahe ana … .

4.Tina (dolan) karo kanca-kancane. Tembung dolan benere … .

5.Latare apa wis (sapu)? Tembung sapu benere … .

6.Iwak bandeng (goreng) simbah. Tembung goreng benere … .

7.Cacahe gatra saben sapada diarani … .

8.Cavahe wanda saben salarik diarani … .

9.Sepedhahe (dandan) esuk mau. Tembung dandan benere … .

10.Aku nganggo klambi abang, Mas Guntur … klambi biru.



KUNCI JAWABAN
A.
1.Tawon ngentup tanganku.                            4.Aku maca buku crita cekak.
2.Hardi mbubuti sukete.                                 5.Kowe apa wis nggarap PR Basa Jawa?
3.Pak Hadi nandur jeruk iku ing tegalan.

B.
1.Tawon madu diingu Pak Kardi.                     4.Endhog dikumpulake Dhik Tini.
2.Pitiku dicekel Dhik Rini.                               5.Buku dibalekake Sari.
3.Pitik jago iku dakombeni. 

C.
1.wulu                         6.digoreng
2.pepet                        7.guru gatra
3.5                               8.guru wilangan
4.dolanan                    9.didandani/dakdandani
5.kosapu                      10.ngagem






LATIHAN ULANGAN HARIAN III SEMESTER II KELAS V
TAHUN PELAJARAN 2011 – 2012

A.Owahana dadi basa karma!


1.Warga desa urunan kanggo mbangun ratan.

2.Bapak tuku wedi lan semen.

3.Aja wedi yen ora rampung.

4.Pembangunan iku kanggo sapa?

5.Sapa wae kudu melu mbangun.

B.Owahana dadi basa ngoko!


1.Rayi kula kalih cacahipun.

2.Kelas tiga ndherek lomba nyerat Jawi.

3.Kula tumbas buku basa Jawi.

4.Ibu maos Koran wonten teras.

5.Maos aksara Jawi punika ewet.

C.Rimbagen tembung ing ngisor iki nganggo seselan”in” utawa “um” banjur gawenen ukara!


1.surung→ … . Ukara → ……………………………

2.grudug → … . Ukara → …………………………

3.bagus → … .Ukara →  …………………………..

4.jaluk → … . Ukara →  …………………………..

5.tandang → … Ukara  →  ………………………

D.Isenana titik-titik ing ngisor iki!


1.Wuwuhan kang manggon ing satengahing tembung lingga diarani … .

2.Wong jujur bakale … .

3.Ibu badhe tuku gendhis. Tembung tuku basa kramane … .

4.Lampune gumantung ing blandar. Tembung gumantung linggane … .

5.Ayo padha njaga kesehatan. Ukara iku basa kramane … .

6.Seselan kuwi ing antarane … .

7.Simbah apa wis diaturi sare? Ukara iku nganggo basa … .

8.Tembung sing nganggo seselan “um” tuladane … .

9.Tembung sing nganggo seselan”in” tuladane … .

10.Cerita fiksi kang nyritakake babagan kang ora bakal kedaden dadi kedaden ing crita kuwi diarani … .


KUNCI JAWABAN

A.
1.Warga dusun sami urunan kagem mangun margi.
2.Bapak mundhut wedhi kaliyan semen.
3.Punsah ajrih menawi mboten mantun.
4.Pembangunan punika kagem sinten?
5.Sinten kemawon kedhah ndherek mangun.

B.
1.Adhiku loro cacahe.
2.Kelas telu melu lomba nulis Jawa.
3.Aku tuku buku Basa Jawa.
4.Ibu maca Koran ing teras.
5.Maca aksara Jawa kuwi angel.

C.
1.sumurung. Kursine sumurung dening Hardi.
2.gumrudug. Tamune padha gumudrug teka.
3.binagus. Dadi bocah aja sok binagus dhewe.
4.jinaluk. Adicara iku jinaluk saka sing duwe gawe.
5.tumandang. Para tani tumandang nyambut gawe.

D.
1.seselan                                             6.aksara kapisan lan kapindo
2.mujur, makmur                                 7.ngoko lugu
3.mundhut                                           8.dumugi, tumandang, sumurung, gumrojog, lsp
4.gantung                                            9.jinaluk, tinulis, binagus, ginanjar, lsp
5.Mangga sami njagi kesarasan.        10.dongeng








Tidak ada komentar:

Posting Komentar