Rabu, 25 Januari 2012

Soal Bahasa Daerah

PERSIAPAN ULANGAN BAHASA DAERAH I SEMESTER II
TAHUN PELAJARAN 2011 – 2012
KELAS IV ( EMPAT )

Wacan
                                                                        Sinau

            Anane manungsa bisa pinter, nduweni ngelmu akeh, lan nduweni drajat sing luhur sranane mung sinau utawa golek ngelmu. Krana sinau manungsa bisa ngerteni samubarang sing maune durung diweruhi utawa dingerteni, bisa nindakake pakaryan sing maune durung bisa ditindakake, bisa milah-milahake samubarang sing becik lan sing ala, sarta bisa ngerteni samubarang apa wae.

            Sakabehe gegayuhan bisane kasembadan kudu disranani nganggo ngelmu. Sakabehe pakaryan supaya bisa katindakake kanthi sampurna uga kudu disranani nganggo ngelmu sing becik. Cekak aose, krana kawruh lan ngelmu manungsa bisa tumindak apa wae kanggo nggayuh apa sing dadi gegayuhane.

            Kanggone para siswa sing lungguh ing bangku sekolah, sinau mujudake kuwajiban sing kudu ditindakake saben dina. Bocah sing males anggone sinau mesthi ora bisa kasil sinaune, ora bisa paham ngelmu sing diwulangake dening guru kang njalari bijine elek terus ora bisa munggah kelas.

            Sejatine sinau iku ora ngemungake tumrap para siswa sing isih ana ing bangku sekolah wae, nanging saben manungsa nduweni kuwajiban golek ngelmu. Nggolek ngelmu diwajibake marang saben-saben manungsa wiwit lair ceprot nganti tumekane mati. Bab golek ngelmu iku papap dununge uga ora winates. Ing papan ngendi wae kudu tansah diudi. Ana unen-unen,”Golekana ngelmu senajan ta nganti Negara Cina”.

I.Pilihen salah siji jawaban sing bener!

1.Supaya manungsa bisa pinter lan nduweni ngelmu sing akeh sranane kudu … .
a.nduwe drajat sing luhur                               c.sregep nyambut gawe
b.anake wong pangkat                                    d.sregep anggone sinau

2.Wong sing sregep golek ngelmu utawa sinau wekasane … .
a.mesthi bisa dadi wong sugih                       c.kasembadan gegayuhane
b.mesthi diwedeni wong                                 d.kecukupan kebutuhane

3.Sing diwajibake golek ngelmu utawa sinau yaiku … .
a.saben manungsa                                          c.mung bocah sekolah
b.mung wong bodho                                       d.saben guru lan murid

4.Bocah sing dadi bintang kelas utawa dadi rangking siji iku lumrahe bocah … .
a.sugih dhuwit                                                 c.disenengi gurune
b.sregep sinau                                                 d.akeh kancane

5.Kuwajibane manungsa kanggo golek ngelmu yaiku … .
a.wiwit cilik nganti nyambut gawe                 c.wiwit lair nganti tumakaning mati
b.wiwit nyambut gawe nganti pension           d.wiwit mlebu sekolah nganti lulus

II.Isenana titik-titik ing ngisor iki!

1.Bu Lina priyayine alus. Ukara iku basa kramane … .

2.Buku iku sumbere ilmu. Ukara iku basa kramane … .

3.Wong desa saiki kekurangan pangan. Ukara iku basa kramane … .

4.Sing ngenalake metode lan konsep pendidikan yaiku … .

5.Tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese dienggo bebarengan kanggo mbangetake surasane diarani … .

6.Sethithik, sacuwil, kathah kalebu wilangan … .

7.Bangunan jaman biyen iku kukuh … .

8.Raden Gatutkaca iku gagah … .

9.Bareng wis diobati anak-anake banjur bagas … .

10.Nol, siji, loro, telu kalebu wilangan … .

11.Gedhang … regane piro?

12.Ibu mundhut gula … kilo.

13.Krambil … kae undhuhen!

14.Sing nonton wayang jejel … .

15.Kertas … kae gawanen mrene.

16.Hamidah tuku bakso … .

17.Yen mangsak bawange … wae.

18.Raden Arjuna iku satriya kang sekti … .

19.Karo kanca kudune padha guyup … .

20.Yen dadi juara kelas atine mesthi …

III. Gawea ukara nganggo tembung-tembung ing ngisor iki!

1.sethithik            2.papat               3.budi pekerti            4.ajur mumur


KUNCI JAWABAN


I.Pilihan ganda


1.d       2.c       3.a       4.b       5.c


II.Isian


1.Bu Lina priyayinipun alus.
2.Buku menika sumberipun ilmu.
3.Tiyang desa sakniki kekirangan dhaharan.
4.Ki Hajar Dewantara
5.tembung saroja
6.sadhengah
7.bakuh
8.prakosa
9.waras
10.babon
11.salirang
12.setengah/seprapat
13.sajanjang
14.riyel
15.salembar
16.samangkok
17.sasiyung
18.samangkok
19.rukun
20.seneng/bungah


III.Gawe ukara


1.Yen menehi uyah sethithik wae mengko kasinen.
2.Sapine Pak Karman manak papat.
3.Dadi murid kudu nduwu budi pekerti sing apik.
4.Piringe pecah nganti ajur mumur.








PERSIAPAN ULANGAN BAHASA DAERAH I SEMESTER II
TAHUN PELAJARAN 2011 – 2012
KELAS V ( LIMA )

Jlimetana tuladha layang ing ngisor iki!

                                                                                   ( 1 ) Surabaya, 5 Juli 2001

( 2 ) Salamku kanggo kanca-kancaku kelas 5
        SDN Sukarame Kediri
        Ing Kediri

( 3 ) Kanthi layang iki, aku menehi kabar menawa aku ing Surabaya tansah rahayu slamet. Kang
       daksuwun, muga-muga kabeh kanca ing kene semono uga.

( 4 ) Kejaba saka iku, perlu dakkabarake menawa aku lagi wae nampa rapot lan saiki liburan. 
       Apa ing kene  kanca-kanca uga wis nampa rapot? Muga-muga ing rapotan ing semester iki kabeh kanca 
       kasih….

( 5 ) Wusana, cukup semene wae, liya dina dakkirim layang maneh.

( 6 ) Saka kancamu,

( 7 ) ………

( 8 ) Bagus Kurniawan


I.Layang iku ana perangane. Coba sebutna perangane layang mau!

1……………….      4………………                7…………………
2………………..     5……………..                  8……………….
3………………..     6………………

II.Isenana titik-titik ing ngisor iki!

1.Puisi gagrag anyar sing ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging isih ngugemi anane rasa kaendahan diarani … .

2.Perangane layang iki ana … .

3.Pandhawa iku ana ing lakon … .

4.Isi utawa surasa basa manggon ing urutan …

5.Aja rame-rame ibuku lagi …

6.Aku wis adus, bapak dereng … .

7.Saiki aku ( garap ) PR Basa Jawa. Tembung garap benere … .

8.Jagung ing meja mau wis ( pangan ). Tembung pangan benere … .

9.Wong asor nanging sugih kapinteran, paribasane … .

10.Sing diarani Dasamuka yaiku … .

11.Wayahe wis bengi, wong-wong padha budhal turu. Ukara iku basa kramane … .

12.Cacahe tembang Dhandhanggula ana … .

13.Pandwa iku sadulure … .

14.Guru wilangan tegese …

15.Isih esuk, bapak wis budhal menyang kantor. Ukara iku basa kramane … .



KUNCI JAWABAN


I.Perangane layang


1.papan lan titi mangsa                      5.panutup utawa wasana basa
2.adangiyah                                        6.peprenahan
3.bebuka utawa satata basa               7.tapak asta
4. isi utawa surasa basa                      8.asma pengiirim


II.Isian


1.geguritan                                      11.Wancinipun sampun dalu, tiyang-tiyang sami bidhal
                                                            sare
2.5                                                  12.10
3.Mahabarata                                  13.Kurawa
4.3                                                  14.cacahe wanda saben gatra
5.sare                                              15.Taksih enjing, bapak sampun tindhak dhateng kantor
6.siram
7.nggarap
8.dakpangan
9.bathok bolu isi madu
10.paraga kang bisa maleh rupa akeh

                                   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar